Pranatacara Pengantin
Pranatacara Pengantin
Pranatacara Pengantin
Assalamualaikum Wr. Wb.
Hadlrotal Mukarrom Poro Alim Ulama’ poro Kyai ingkang satuhu dahat kinurmatan.
Poro sesepuh, pinisepuh, sanak lan kadang ingtkang sinubo ing pakurmatan.
Poro pilenggah kakung sumawono putri, sumrambahipun poro duto saroyo pangombyong
temanten Abirama bin Raharja ingkang tansah suko basuki.
Agunging raos syukur dumateng ngarso dalem Allah SWT. Ingkan sampun paring lumebering
hidayah, soho kanikmatan dumateng kito lan panjenengan sami, sumonggo kito ikroraken kanti
waosan tahmid: Alhamdulillahirabbil “alamin.
Shalawat ugi salam mugio tansah kaaturaken dumateng junjungan kito Nabi Agung Muhammad
SAW.ingkan saestu kito nyadong lumunturing syafa’at benjang wonten pakewuh ipun dinten
qiyamat.
Poro rawuh ingkang pinundi, mboten ateges cumantoko kawulo jumeneng wonten ngarso
panjenengan sami anamung piniji minongko pambiworo lampahing adicoro pasamuhan
walimatul urs ipun Raden Bagus Abirama bin Raharja kalian Raden ajeng Roro gendis binti
cahyono.
Nuninggih poro pilenggah, runtuting adicoro ingkang sampun karonce dening keluargo :
1. Adicoro Pambuka
2. Waosan pustoko suci al Qur’an
3. Atur pambagyo pinongko atur pasrah pinampi
4. Istirahat
5. Wedar Sabdo/ mauidhoh hasanah
6. Doa-Penutup
Keparengo panoto adicoro ndereaken lekasing pawiwahan puniko kanti pambuko surotul fatihah, Liridloillah--------
Mekaten adicoro sampun binuko mugio lampahing adicoro awit purno dalah wusono pinaringan
rahayu tebih ing sambikolo.
Kalajengaken adicoro ingkang dumawah ongko kalih, lumantuning waosan ayat-ayat suci alQur’an ingkang bade kaseliraaken dening ibu Wati wekdal soho panggenan kaaturaken.
(pembacaan ayat al Quran)
Kanti ayat-ayat ingkang sampun kawahos mugi-mugi dadosno manfaat kususipun dumateng
ingkang maos,ugi dumateng temanten kekalih, sumrambahipun dumateng kulo lan panjenengan
sami.
Ndungkap adicoro ingkang ongko tigo nuninggih atur pambagyo pinongko pasrah temanten
Abirama lan gendis ,dumateng duto saroro pangombyong ingkang sampun kajibah
kasumanggaaken.
Dumateng panjenengan ipoun kaaturaken agunging panuwun
(Pasrah Manten)
Poro pilenggah kakung sumawono putri, sak lajeng ipun penampi atur pasrah ngiras-ngirus atur
pambagyo ingkang amengku gati -Shohibul Bait-, awit saking bombong miwah mongkok ipun
manah panjengan ipun Bapak Cahyono bade matur, amung kandek wonten sak lebetipun
penggalih. Ingkang puniko sesulih saliro dumateng panjengan ipun Bapak Cahyono kaaturaken.
(shohibul Bait)
Paripurnaning pasrah penampining putro tmanten dumugi saatipun adicoro ingkang kaping
selkawan inggih puniko istirahat. Pinongko corongipun shohibul bait poro rawuh kaaturaken
sekeco anggenipun lenggah sinambi poro kadang punggowo ngatiri pasugatanlan amung
ngaturakensugeng angerahapi kanti sekeco lan saestu.
Poro rawuh ingkang tansah minulyomboten ateges kawulo nggempil kamardikan panjenengan
kanti tatas tetes lan titis wekdal istirahat kacepak semanten. Candak adicoro selajengipun inggih
puniko Mau’idhoh hasanah soho doanipun.Ananging sak derengipun Maidhoh soho doanipun
kawedar kawulo minangkani pambiworo adicoro anggenipun andereakenlampoahing roncening
adicoro wiwit awl dumugi akhir katah kekirangan boso tuwin subositi kawulo namung tumadah
lumebering sih samudra pangaksami.
Akhirul kalam Wassaalamualaikum Wr. Wb.
Angaturaken kanti renaming penggalih dumateng Al-Mukarrom anyelirani mauidhoh hasanah
soho doanipun, wekdal soho panggenan kasumanggaaken.
Komentar
Posting Komentar