Pranatacara Pengantin
Pranatacara Pengantin Pranatacara Pengantin Assalamualaikum Wr. Wb. Hadlrotal Mukarrom Poro Alim Ulama’ poro Kyai ingkang satuhu dahat kinurmatan. Poro sesepuh, pinisepuh, sanak lan kadang ingtkang sinubo ing pakurmatan. Poro pilenggah kakung sumawono putri, sumrambahipun poro duto saroyo pangombyong temanten Abirama bin Raharja ingkang tansah suko basuki. Agunging raos syukur dumateng ngarso dalem Allah SWT. Ingkan sampun paring lumebering hidayah, soho kanikmatan dumateng kito lan panjenengan sami, sumonggo kito ikroraken kanti waosan tahmid: Alhamdulillahirabbil “alamin. Shalawat ugi salam mugio tansah kaaturaken dumateng junjungan kito Nabi Agung Muhammad SAW.ingkan saestu kito nyadong lumunturing syafa’at benjang wonten pakewuh ipun dinten qiyamat. Poro rawuh ingkang pinundi, mboten ateges cumantoko kawulo jumeneng wonten ngarso panjenengan sami anamung piniji minongko pambiworo lampahing adicoro pasamuhan walimatul urs ipun Raden Bag...